Kamis, 04 Agustus 2011

BUNG TOMO ENTUK GELAR PAHLAWAN NASIONAL



           
        Tokoh pejuwang asal Surabaya  ,Sutomo utawasing akrab diceluk Bung Tomo wusanane entuk gelar PAHLAWAN NASIONAL saka pamarentah.Gelar kasebut diparingake dening Presiden Susilo Bambang Yudhoyono dhek tanggal 7 November 2008 ing adicara rerangken Pengetan Dina Pahlawan,tanggal 10 November 2008 ing Istana Negara Jakarta.Kajaba Bung Tomo sing bebarengan  entuk gelar Pahlawan Nasional yaiku : Dr.Muhammad Natsir lan KH Abdul Halim.Katelune entuk kanugrahan Pahlawan Nasional lan Bintang Mahaputera Adipradana sing diwaosake Surat Kekancingan utawa SK-ne dening Sekretaris Militert Mayjen TNI Budiman.Bung Tomo katetepake dadi Pahlawan Nasional kanthi Keputusan Presiden Nomor 041/TK/Th.2008,tanggal 6 November 2008.Ing pungkasan adicara,Presiden SBY dhidhampingi Ibu Negara Ani Yudhoyono ,maringi ucapan selamat marang para ahli waris katelu Pahlawan Nasional kasebut.Ing adicara kasebut uga rawuh para pejabat negara liyane kayata:Wapres Yusuf Kalla lan Ibu Mufidah Yusuf Kalla,Ketua MPR Hidayat Nurwahid,lan Menteri Pariwisata Jero Wacik.
         Tuntutan warga kutha Surabaya marang pamarentah bab gelar Pahlawan Nasional marang Bung Tomo liwat polemik sing rada dawa.Bung Tomo wis nate diajokake dening para warga Kutha Surabaya lan Jawa Timur supaya diangkat dadi Pahlawan Nasional ing jaman pamarentah sadurunge,nanging pamarentah kala semana ora ngabulake.Kabeh wong mesthi wis padha weruh sepira gedhene lelabuhan lan perjuwangane Bung Tomo tumrap nusa lan bangsa.Bung Tomo sing melopori lan mbakar semangate arek-arek Surabaya ing Prastawa 10 November 1945 perang mungsuh tentara sekutu. Ing prastawa paprangan kasebut ewon warga kutha Surabaya gugur dadi bentenge negara.Perlawanan arek-arek Surabaya mungsuh tentara sekutu banget pengaruhe ing jagade internasional,awit kahanan kasebut mbuktekake manawa RI wektu iku isih kukuh madeg dadi negara.Sabanjure pamarentah netepake prastawa heroik kasebut dadi Dina Pahlawan
         Apa sebabe pamarentah ora enggal nangkep aspirasine warga kutha Surabaya mligine lan masyarakat Jawa Timur umume ? Kena apa pamarentah ora enggal maringi gelar Pahlawan Nasional marang Bung Tomo ing wektu-wektu kapungkur? Menkominfo Muhammad Nuh,sing asal kutha Surabaya uga mrihatinake,kena apa pamarentah ora biyen-biyen maringake gelar Pahlawan Nasional marang Bung Tomo.Manut Pak Nuh,warga Surabaya lan Jawa Timur saiki ora perlu kuciwa maneh,awit Bung Tomo wis pinaringan kanugrahan gelar Pahlawan Nasional.
         Isih manut pengendikane Pak Nuh,sing uga mantan Rektor ITS kasebut,ngandharake manawa syarat panganugrahan gelar Pahlawan Nasional iku kudu liwat pirang-pirang prosedur sing rada ruwet(rumit).Sepisan tokoh kasebut kudu diajokake dening sekelompok masyarakat marang pamarentah propinsi,banjur diterusake menyang Departemen Sosial.Kapindho Departemen Sosial banjur ngajokake marang Tim Pemberi Anugrah Jasa-jasa Nasional supaya ditindaklanjuti.Sabanjuremanawa tokoh kasebut dianggep layak lan memenuhi persyaratan banjur diangkat dadi Pahlawan Nasional.Presiden ing babagan iki uga duwe wewenang penuh utawa hak prerogatif maringi gelar marang tokoh/warga negara sing dianggep nduweni jasa marang bangsa lan negara.

Sumber: Kompas,Edisi 8 November 2008 ; Buku Widya Basa Jawa Kanggo SMP Kelas VII, Penerbit  
              Erlangga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SATKER MANYA (SAHABAT KECIL PENGGERAK TEMAN SEBAYA) SDN2ROGOJAMPI

Dokumen SATKER MANYA SDNEGERI 2 ROGOJAMPI. SATKER MANYA adalah singkatan dari SAHABAT KECIL PENGGERAK TEMAN SEBAYA.