Sabtu, 13 Agustus 2011

PATIH GAJAHMADA

        Asal usule Gajah Mada nganti seprene isih durung cetha,jalaran Gajah Mada dudu tedhah turune ratu utawa wong ngaluhur,uga dudu wong sugih.Nganti seprene uga durung ana katrangan sing gumathok ngenani sapa bapa biyunge lan ing ngendi tanah wutah getihe.Mung ana ancer-ancer wae manawa tanah kelairane ing pinggir kali Brantas kutha Malang
        Gajah Mada jenenge misuwur wiwit kraton Majapahit,sawijine kraton sing wis kesisra amarga gegayuhane sing kepengin nyawijekake salumahe nuswantara ing bumi Majapahit.Kanggo mujudake gegayuhane mau Gajah Mada nduweni lelabuhan kang gedhe banget.Kanthi tekad sing gilig sarta piandel sing kandel
        Sadurunge dadi patih ing Majapahit ,nalika semono kraton ing Majapahit lagi nemu reribet yaiku pokale Kuti sing nedya ngrebut mahkota Majapahit.Prabu Jayanegara kang ngasta pusakaning Praja Majapahit wektu iku nganti sumingkir ing Bebander.Wektu iku Gajah Mada sing pangkate mung bekel (saemper Lurah),rumangsa kegugah atine melu cawe-cawe kanggo ngudhari reribet ing Majapahit.Pungkasane Gajah Mada bisa kasil ngrampungi gawe,lan Sang Prabu Jayanegara bali nglenggahi kursi keprabon ing Majapahit maneh.
        Prabu Jayanegara seda,kalenggahan ratu ing Majapahit diganti dening putri Tribuwanaq Tunggadewi,Gajah Mada banjur kaunggahake pangkate dadi patih ing Kauripan.Sabanjure Gajah Mada kapindhah ing Daha nggenteni Arya Tilam sing seda .Sawise Gajah Mada bisa numpes brontake Saadheng,pangkate kaunggahake dadi patih Mangkubumi nggenteni Arya Tadhah sing wis keladuk yuswa.Gajah Mada nguwasani kraton Kediri,Jenggala lan Majapahit.Patih Mangkubumi kaemban nganti jumenenge Prabu Hayam Wuruk ing Majapahit.
         Paprentahan kaasta dening Prabu Hayam Wuruk kanthi patihe Gajah Mada ,Majapahit dadi moncer ing nuswantara.Kanthi prasetyane Sumpah Palapa bisa kasil nyawijekake salumahe bumi nuswantoro ing Majapahit.Kraton Majapahit klakon dadi negara kang misuwur nganti sanjabaning negara.

Kapethik : Gajah Mada Pahlawan Nusantara.Muh.Yamin,1993,PN.Balai Pustaka.

SATKER MANYA (SAHABAT KECIL PENGGERAK TEMAN SEBAYA) SDN2ROGOJAMPI

Dokumen SATKER MANYA SDNEGERI 2 ROGOJAMPI. SATKER MANYA adalah singkatan dari SAHABAT KECIL PENGGERAK TEMAN SEBAYA.