- Aju = kemudian,maka
- ketangono = salahe
- agage=cepetan
- kemunjilan = ragil
- kubung=tutup
- kaya tumbu oleh tutup artine.......pasangan serasi.......
- kaya banyu ambi lenga artine.......sing bisa dadi siji.........
- kaya kucing ambi asu artine..........senengane tukaran........
- kaya gabah diinteri artine........wong kang mrana mrene..........
- kaya kacang lali kulite artine.........lali asale...........
- kembang lambe artine...........dadi omongane wong............
- kembang ati artine.......barang hang istimewa...........
- kembange turu artine...........impen..............
- kembang gula artine...........permen,gulali...........
- kembang telon artine............kembang hang maceme telu...........
- kembang kirim artine ............kembang kanggo nyekar...........
- ngampet = njuwut
- silah = sila
- pelanca = amben
- diuwel = diseneni
- ngethep = tetep
- jengah = kaget,dlongop
- kecek = koceh,udan-udanan
- pating = pada
- duwe anak mung siji diarani ondhal -andhil
- anak mong loro lanang wadon diarani kedana kedini
- anak lanang lima diarani pendhawa lima
- ireng manis ............kulitane............
- lencir kuning ..............pawakane..........
- welas asih ................sipate...........
- sundhul langit............ilmune................
- membat manyun ..............suwarane............
- saur manuk .........ramene...............
- kendha kenceng ............semangate...........
- surud lampeg...........segarane...........
- peteng dhedhet ............sesawangane...........
- cemeng mulus ..............wulune...................
- kembang-kembang = kemampul
- blimbing bumi = wesah = aja susah
- gelang alit ning deriji = ulih ring ali-ali=aja lali
- griya alit pinggir mergi = pejagan = jaganen awak rika
- pejagan = pos kamling
- ngerambut pitik = wulu = dilulu
- sumber mega = udan = kedanan
- gundha latar = bayem = ayem atine
- jahe wana= lempuyang = oyang ati
- damar gunung = lintang = ketang-ketang
- kereta dawa = sepur = sepurane
- senyongan= guyonan
- geromyoh=cepat bergaul
- mula=terahe,pancen
- ngersaya=soyo,kerja bakti
- naming=nanging
- nyelempat=sekilas
- kedrangan=lek seneng kesenengen,lek wedi keliwat wedi.
- empet=epek
- sega sak kepel dikerubut tinggi yaiku salak
- dicokot nyokot yaiku lombok
- dicokot bongkote hang entek pucuke yaiku udut
- digendhong nangis,didhunaken meneng yaiku biola
- kadhung bumi molak malik.wong tani gandholan paran? yaiku singkal/teter
- LEGENDHA SRITANJUNG
- Jare ujare crita,ring tanah Jawa pucuk wetan bengen ana kerajaan aran Mayapada Sin dureja.Rajane kajuluk Prabu Sulakrama.Negarane tata tentrem,subur makmur.Patihe gagah perkasa,sakti mandraguna Sidapeksa arane.
- Kaya tumbu ulih tutup paribasane,sang Patih Sidopeksa buru bain kelaksan mboyong Putri Sri Tanjung hang ayune kaya widodari tuhu,bakti lan setiyane nana hang bisa madhani.
- Aja heran kadhung dadi kembang lambe ning Sindurejo lan sakubenge.Sang Prabu Selakrama milu katut keterak rasa iri,aju kepincut nong sunar indahe rupa lan laku pribadine Putri Sri Tanjung.
- Mulane Sang Nata gancang merintah Sidopeksa kudu ngupaya "Reca Emas"telung karat lan "Gembala"telung gelung hang panggonane ana ring kayangan.Iki mong akal akalan supaya bisa nyingkiraken Sang Patih lan bisa kelakon nyanding Sri Tanjung dadi prameswarine .Tapi nyatane paran hang kedadian?
- Sri Tanjung magih tetep suci,sing mempan godha,masiya diiming-imingi emas picis raja brana,malah arep didadekake prameswari lungguh ring damar kencana.
- Sidopeksa ulih pitulung para Dewa bisa hasil nggawa mulih tumbale negara.
- Gancange cerita nalika Sidopeksa ngadhep masrahaken Reca Emas telung karat lan Gembala Seta telung gelung Sang Prabu Sulakrama ngetokaken Aji-aji "tumbak cucukan".Sang Patih dipetenah gok Putri Sri Tanjung wis laku serong kedanan nong raja,kepingin dadi prameswari lan wis sing welas maning nong Sidapeksa.
- Aja takon dosa..............Sang patih murka tanpa pamit lanninggal tatacara oncat mulih marani Sri Tanjung.
- Sang Putri bangete kilah-kilah,digerogoti rasa kangen ngerandhu sang laki kinasih,sakkal diseret nong pinggir sumber.Raden Sidopeksa wis kelebon setan petenah....keris sakti diunus.......Sri Tanjung pasrah,mong njaluk:
- "Kadhung getihisun amis,tandhane isun salah,Tapi kadhung getihisun wangi iku tandhane gok isun masih tetep suci".
- Nyatane getih hang kutah lan banyu sumber iku gandane semebrung wangi.Mulane panggonan iku diarani "BANYUWANGI"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar