Jumat, 10 Agustus 2012

PLPG PERIODE 12

Ah mengasikkan ,ternyata tidak sama dengan yang kita bayangkan.Itulah PLPG di UNEJ,JEMBER.Aku tiba di hotel pada Minggu tanggal 29 Juli 2012.Check in hotel dan langsung menuju kamar HH2.Banyak sekali pengalaman yang aku dapatkan dari PLPG.Aku dapat mendapatkan ilmu sebagai Guru Profesional .Hari demi hari aku lalui .Ada enjoy dan ada stress juga.

Sabtu, 22 Oktober 2011

DOWNLOAD GRATIS

Bagi yang ingin SOAL-SOAL KLAS V SEM.1KLIK DISINI
Bagi yang ingin SOAL-SOAL KLAS IV SEM.2 KLIK DISINI
Bagi yang ingin BUKU BAHASA UMRI NURAINI klas 5 silahkan KLIK DISINI
Bagi yang ingin BUKU IPA klas V silahkan KLIK DISINI
Bagi yang ingin artikel 18 rancangan penilaian hasil belajar KLIK DISINI
Bagi yang ingin BUKU GEMAR MATEMATIKA klas v KLIK DISINI
Bagi yang ingin artikel tentang MENYIMAK silahkan KLIKDISINI

Senin, 15 Agustus 2011

TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat kalebu golongane basa kang pinathok uga kaiket ing paugeran warna-warna,upamane:
     Guru lagu          : dhong dhinging swara saben pungkasaning gatra
     Guru wilangan   : cacahe (kecap) saben sagatra
     Guru gatra        : cacahe gatra (larik) saben sapada (satembungan)
Tembang kinanthi iku:
     Saben sapada ana nem gatra (guru gatra)
     Cacahe wanda saben sagatra ana wolu (guru wilangan)
     Tibaning swara saben sagatra:u,i,a,i,a,i (guru lagu)
Tembang macapat cacahe ana 11 kaya ing ngisor iki:
     1.  Mijil
     2.  Sinom
     3.  Asmaradana
     4.  Maskumambang
     5.  Kinanthi
     6.  Durma
     7.  Pangkur
     8.  Dhangdhang gula
     9.  Gambuh
    10. Pucung
    11. Megatruh

Sabtu, 13 Agustus 2011

PATIH GAJAHMADA

        Asal usule Gajah Mada nganti seprene isih durung cetha,jalaran Gajah Mada dudu tedhah turune ratu utawa wong ngaluhur,uga dudu wong sugih.Nganti seprene uga durung ana katrangan sing gumathok ngenani sapa bapa biyunge lan ing ngendi tanah wutah getihe.Mung ana ancer-ancer wae manawa tanah kelairane ing pinggir kali Brantas kutha Malang
        Gajah Mada jenenge misuwur wiwit kraton Majapahit,sawijine kraton sing wis kesisra amarga gegayuhane sing kepengin nyawijekake salumahe nuswantara ing bumi Majapahit.Kanggo mujudake gegayuhane mau Gajah Mada nduweni lelabuhan kang gedhe banget.Kanthi tekad sing gilig sarta piandel sing kandel
        Sadurunge dadi patih ing Majapahit ,nalika semono kraton ing Majapahit lagi nemu reribet yaiku pokale Kuti sing nedya ngrebut mahkota Majapahit.Prabu Jayanegara kang ngasta pusakaning Praja Majapahit wektu iku nganti sumingkir ing Bebander.Wektu iku Gajah Mada sing pangkate mung bekel (saemper Lurah),rumangsa kegugah atine melu cawe-cawe kanggo ngudhari reribet ing Majapahit.Pungkasane Gajah Mada bisa kasil ngrampungi gawe,lan Sang Prabu Jayanegara bali nglenggahi kursi keprabon ing Majapahit maneh.
        Prabu Jayanegara seda,kalenggahan ratu ing Majapahit diganti dening putri Tribuwanaq Tunggadewi,Gajah Mada banjur kaunggahake pangkate dadi patih ing Kauripan.Sabanjure Gajah Mada kapindhah ing Daha nggenteni Arya Tilam sing seda .Sawise Gajah Mada bisa numpes brontake Saadheng,pangkate kaunggahake dadi patih Mangkubumi nggenteni Arya Tadhah sing wis keladuk yuswa.Gajah Mada nguwasani kraton Kediri,Jenggala lan Majapahit.Patih Mangkubumi kaemban nganti jumenenge Prabu Hayam Wuruk ing Majapahit.
         Paprentahan kaasta dening Prabu Hayam Wuruk kanthi patihe Gajah Mada ,Majapahit dadi moncer ing nuswantara.Kanthi prasetyane Sumpah Palapa bisa kasil nyawijekake salumahe bumi nuswantoro ing Majapahit.Kraton Majapahit klakon dadi negara kang misuwur nganti sanjabaning negara.

Kapethik : Gajah Mada Pahlawan Nusantara.Muh.Yamin,1993,PN.Balai Pustaka.

Senin, 09 Mei 2011

PANTAI BEDUL

Pantai Bedul adalah sebuah pantai di kawasan Taman Nasional Alas Purwo.Sebuah pantai indah yang mengagumkan bagi semua orang.Perjalanan ke pantai Bedul ,bagi visitor daerah Banyuwangi kota dapat melalui kota Benculuk 
Pengunjung Pantai Bedul  sekarang ini mencapai ratusan orang per hari. Kalangan  pengunjungpun bervariasi,dari petani sampai pegawai negeri.

Sabtu, 29 Januari 2011

BASA USING

  1. Aju = kemudian,maka
  2. ketangono = salahe
  3. agage=cepetan
  4. kemunjilan = ragil
  5. kubung=tutup
  6. kaya tumbu oleh tutup artine.......pasangan serasi.......
  7. kaya banyu ambi lenga artine.......sing bisa dadi siji.........
  8. kaya kucing ambi asu artine..........senengane tukaran........
  9. kaya gabah diinteri artine........wong kang mrana mrene..........
  10. kaya kacang lali kulite artine.........lali asale...........
  11. kembang lambe artine...........dadi omongane wong............
  12. kembang ati artine.......barang hang istimewa...........
  13. kembange turu artine...........impen..............
  14. kembang gula artine...........permen,gulali...........
  15. kembang telon artine............kembang hang maceme telu...........
  16. kembang kirim artine ............kembang kanggo nyekar...........
  17. ngampet = njuwut
  18. silah = sila
  19. pelanca = amben
  20. diuwel = diseneni
  21. ngethep = tetep
  22. jengah = kaget,dlongop
  23. kecek = koceh,udan-udanan
  24. pating = pada
  25. duwe anak mung siji diarani ondhal -andhil
  26. anak mong loro lanang wadon diarani kedana kedini
  27. anak lanang lima diarani pendhawa lima
  28. ireng manis ............kulitane............
  29. lencir kuning ..............pawakane..........
  30. welas asih ................sipate...........
  31. sundhul langit............ilmune................
  32. membat manyun ..............suwarane............
  33. saur manuk .........ramene...............
  34. kendha kenceng ............semangate...........
  35. surud lampeg...........segarane...........
  36. peteng dhedhet ............sesawangane...........
  37. cemeng mulus ..............wulune...................
  38. kembang-kembang = kemampul
  39. blimbing bumi = wesah = aja susah
  40. gelang alit ning deriji = ulih ring ali-ali=aja lali
  41. griya alit pinggir mergi = pejagan = jaganen awak rika
  42. pejagan = pos kamling
  43. ngerambut pitik = wulu = dilulu
  44. sumber mega = udan = kedanan
  45. gundha latar = bayem = ayem atine
  46. jahe wana= lempuyang = oyang ati
  47. damar gunung = lintang = ketang-ketang
  48. kereta dawa = sepur = sepurane
  49. senyongan= guyonan
  50. geromyoh=cepat bergaul
  51. mula=terahe,pancen
  52. ngersaya=soyo,kerja bakti
  53. naming=nanging
  54. nyelempat=sekilas
  55. kedrangan=lek seneng kesenengen,lek wedi keliwat wedi.
  56. empet=epek
  57. sega sak kepel dikerubut tinggi yaiku salak
  58. dicokot nyokot yaiku lombok
  59. dicokot bongkote hang entek pucuke yaiku udut
  60. digendhong nangis,didhunaken meneng yaiku biola
  61. kadhung bumi molak malik.wong tani gandholan paran? yaiku singkal/teter
  62.  
    LEGENDHA  SRITANJUNG
    Jare ujare crita,ring tanah Jawa pucuk wetan bengen ana kerajaan aran Mayapada Sin dureja.Rajane kajuluk Prabu Sulakrama.Negarane tata tentrem,subur makmur.Patihe gagah perkasa,sakti mandraguna Sidapeksa arane. 
    Kaya tumbu ulih tutup paribasane,sang Patih Sidopeksa buru bain kelaksan mboyong Putri Sri Tanjung hang ayune kaya widodari tuhu,bakti lan setiyane nana hang bisa madhani.
    Aja heran kadhung dadi kembang lambe ning Sindurejo lan sakubenge.Sang Prabu Selakrama milu katut keterak rasa iri,aju kepincut nong sunar indahe rupa lan laku pribadine Putri Sri Tanjung.
    Mulane Sang Nata gancang merintah Sidopeksa kudu ngupaya "Reca Emas"telung karat lan "Gembala"telung gelung hang panggonane ana ring kayangan.Iki mong akal  akalan supaya bisa  nyingkiraken Sang Patih lan bisa kelakon nyanding Sri Tanjung dadi prameswarine .Tapi nyatane paran hang kedadian?
    Sri Tanjung magih tetep suci,sing mempan godha,masiya diiming-imingi emas picis raja brana,malah arep didadekake prameswari lungguh ring damar kencana.
    Sidopeksa ulih pitulung para Dewa  bisa hasil nggawa mulih tumbale negara.
    Gancange cerita nalika Sidopeksa ngadhep masrahaken Reca Emas telung karat lan Gembala Seta telung gelung Sang Prabu Sulakrama ngetokaken Aji-aji  "tumbak cucukan".Sang Patih dipetenah gok Putri Sri Tanjung wis laku serong kedanan nong raja,kepingin dadi prameswari lan wis sing welas maning nong Sidapeksa.
    Aja takon dosa..............Sang patih murka tanpa pamit lanninggal tatacara oncat mulih marani Sri Tanjung.
    Sang Putri bangete kilah-kilah,digerogoti rasa kangen ngerandhu sang laki kinasih,sakkal diseret nong pinggir sumber.Raden Sidopeksa wis kelebon setan petenah....keris sakti diunus.......Sri Tanjung pasrah,mong njaluk:
    "Kadhung getihisun amis,tandhane isun salah,Tapi kadhung getihisun wangi iku tandhane gok isun masih tetep suci".
    Nyatane getih hang kutah lan banyu sumber iku gandane semebrung wangi.Mulane panggonan iku diarani "BANYUWANGI"
     

    SATKER MANYA (SAHABAT KECIL PENGGERAK TEMAN SEBAYA) SDN2ROGOJAMPI

    Dokumen SATKER MANYA SDNEGERI 2 ROGOJAMPI. SATKER MANYA adalah singkatan dari SAHABAT KECIL PENGGERAK TEMAN SEBAYA.