gelang alit ning deriji = ulih ring ali-ali=aja lali
griya alit pinggir mergi = pejagan = jaganen awak rika
pejagan = pos kamling
ngerambut pitik = wulu = dilulu
sumber mega = udan = kedanan
gundha latar = bayem = ayem atine
jahe wana= lempuyang = oyang ati
damar gunung = lintang = ketang-ketang
kereta dawa = sepur = sepurane
senyongan= guyonan
geromyoh=cepat bergaul
mula=terahe,pancen
ngersaya=soyo,kerja bakti
naming=nanging
nyelempat=sekilas
kedrangan=lek seneng kesenengen,lek wedi keliwat wedi.
empet=epek
sega sak kepel dikerubut tinggi yaiku salak
dicokot nyokot yaiku lombok
dicokot bongkote hang entek pucuke yaiku udut
digendhong nangis,didhunaken meneng yaiku biola
kadhung bumi molak malik.wong tani gandholan paran? yaiku singkal/teter
LEGENDHA SRITANJUNGJare ujare crita,ring tanah Jawa pucuk wetan bengen ana kerajaan aran Mayapada Sin dureja.Rajane kajuluk Prabu Sulakrama.Negarane tata tentrem,subur makmur.Patihe gagah perkasa,sakti mandraguna Sidapeksa arane. Kaya tumbu ulih tutup paribasane,sang Patih Sidopeksa buru bain kelaksan mboyong Putri Sri Tanjung hang ayune kaya widodari tuhu,bakti lan setiyane nana hang bisa madhani.Aja heran kadhung dadi kembang lambe ning Sindurejo lan sakubenge.Sang Prabu Selakrama milu katut keterak rasa iri,aju kepincut nong sunar indahe rupa lan laku pribadine Putri Sri Tanjung.Mulane Sang Nata gancang merintah Sidopeksa kudu ngupaya "Reca Emas"telung karat lan "Gembala"telung gelung hang panggonane ana ring kayangan.Iki mong akal akalan supaya bisa nyingkiraken Sang Patih lan bisa kelakon nyanding Sri Tanjung dadi prameswarine .Tapi nyatane paran hang kedadian?Sri Tanjung magih tetep suci,sing mempan godha,masiya diiming-imingi emas picis raja brana,malah arep didadekake prameswari lungguh ring damar kencana.Sidopeksa ulih pitulung para Dewa bisa hasil nggawa mulih tumbale negara.Gancange cerita nalika Sidopeksa ngadhep masrahaken Reca Emas telung karat lan Gembala Seta telung gelung Sang Prabu Sulakrama ngetokaken Aji-aji "tumbak cucukan".Sang Patih dipetenah gok Putri Sri Tanjung wis laku serong kedanan nong raja,kepingin dadi prameswari lan wis sing welas maning nong Sidapeksa.Aja takon dosa..............Sang patih murka tanpa pamit lanninggal tatacara oncat mulih marani Sri Tanjung.Sang Putri bangete kilah-kilah,digerogoti rasa kangen ngerandhu sang laki kinasih,sakkal diseret nong pinggir sumber.Raden Sidopeksa wis kelebon setan petenah....keris sakti diunus.......Sri Tanjung pasrah,mong njaluk:"Kadhung getihisun amis,tandhane isun salah,Tapi kadhung getihisun wangi iku tandhane gok isun masih tetep suci".Nyatane getih hang kutah lan banyu sumber iku gandane semebrung wangi.Mulane panggonan iku diarani "BANYUWANGI"